Ono lelakon ing jaman wis tuwo nemahi GORO GORO.
Bocah bayi ora diperti dipasani opo meneh dipengeti lair wetone mergo sing tuwo ora ngerti paedae tundone bocah mbeguguk mutho waton duwe pepinginan waton kelakon.
Bocah cilik ora dididik dalan sing becik anane dilulu opo sing dikrungu tundone dadi wong licik.
Bocah nom rangerti dalan uripe anane ubyang ubyung lanang lan wadon tundone sing wadon do meteng ora nono sing ngakoni.
Sing wis tau omah omah koyo bebek tembeyan arep ngendog mider2 ngetan ngulon ngalor ngidul takon sing duwe bocah wadon tundone oleh wadon sing ora genah.
Sing duwe bojo ketungkul anggone semah lali kuwajibane makaryo tundone nggo nyukupi butue rodo ngawur duwit setan belang ora diwilang.
Sing wis tuwo ora temuwo dino dino nonggo ngrembuk alane liyo alane dewe ora direwes tundone gawe gendro mecah talining silaturahmi.
Sing wis cedhak pati ora kerso merti atine dewe saben2 agawe kecuwo wong liyo nganti ora kroso menowo nglarani wong liyo tundone tekaning sambikolo ora kroso.
Sing wis mati lagi ngerti menowo lakune kleru rino wengi ngarep arep lintu sing kleru soko sing urip nanging ora dipaelu tundone uripe soro matine rekoso

Tidak ada komentar:
Posting Komentar